Soal Latihan Bahasa Jawa kelas 4 Akhir Semester I

Soal latihan Bahasa Jawa
1.       Anane banjir iku ing mangsa ....rendheng
2.       Tlatah gundhul ditanduri wit-witan maneh diarani ....reboisasi
3.       Atine padha was-was. Was-was tembunge liya ....kuwatir
4.       Dhek wingi Bapak tindak Surabaya. Klebu ukara ....andaran
5.       Celenganku ( jupuk ) yen unggah-unggahan. Tembung jupuk benere ....dakjupuk
6.       Panengahe Pandhawa arane ....Raden Arjuna/Raden Janaka
7.       Pambarepe Pandhawa arane ....Prabu Puntadewa
8.       Bapake Pandhawa asmane ....Prabu Pandudewanata
9.       Ibune Raden Arjuna arane ....Dewi Kunthi
10.     Ibune Prabu Puntadewa arane ....Dewi Kunthi
11.     Raden Arjuna asma liyane ....Raden Janaka
12.     Wong padesan padha ngingu raja kaya. Raja kaya klebu tembung ....camboran wutuh
13.     Kaya banyu karo lenga tegese ....Paseduluran sing ora bisa rukun.
14.     Aku diwenehi dhuwit Bapak. Ngoko aluse ....Aku diparingi dhuwit Bapak.
15.     Bocah-bocah karo kancane aja seneng tukar ....padu
16.     Sawise lara telung sasi awake kari ....lunglit
17.     Bapak ibu lunga numpak becak. Basa kramane sing becik ....Bapak ibu tindak nitih becak.
18.     Ibu lagi (ronce) kembang mlathi. Tembung ronce benere ....ngronce
19.     Mumpung dina Minggu ayo padha ....resik-resik
20.     Klambi iku regane Rp 50.000,00. Yen digawe ukara pitakon dadi ....Pira regane klambi iku ?
21.     Wiwit isih cilik paraa kadang Pandhawa wis katon luhur bebudene. Kadang tembung liyane ....sadulur
22.     Adhik turu Ibu ndeleng TV. Krama aluse ....Adhik tilem, Ibu mriksani/mirsani TV.
23.     Kembange saben sore (siram) Mbak Yani. Tembung siram benere.... disiram         
24.     Nindakake pagawean ala  sarana kongkonan. Paribasane ....Nabok nyilih tangan.
25.     Tembang Pucung kalebu  tembang ....Macapat
26.     Tembang Pucung ana ..4. gatra.
27.     Biyen uripe rekasa, saiki wis mukti ....wibawa
28.     Para kadang Pandhawa iku luhur bebudene. Bebudene tembunge liya ....watake
29.     Tanti (silih) potelot marang Retno. Tembung silih benere ....nyilih
30.     Puisi basa Jawa diarani ....geguritan
31.     Tangi turu Bapak maca koran. Yen digawe krama alus dadi ....Wungu sare, Bapak maos koran.
32.     Atine Suparti seneng. Seneng tembunge liya ....bungah
33.     Jer basuki mawa . . . bea
34.     Diwenehi ati ngrogoh ....rempelo
35.     Rawe-rawe rantas, malang-malang ....putung
36.     Sing watake lugu, jujur, lan lilan yaiku ....Prabu Puntadewa
37.     Rapotku dideleng Bapak. Dideleng ngoko aluse ....dipirsani
38.     Bapak rawuh saka Jakarta jam siji esuk. Ukara pitakone ....Kapan Bapak rawuh saka Jakarta ?
39.     Bukumu sing kari ing sekolahan (jupuk) kapan ? Tembung jupuk benere ....kojupuk
40.     Kula, Bapak, lan Ibu badhe sowan Eyang. Sowan basa ngokone ....dolan
41.     Masmu sing kuliahe wis rampung saiki ...? Tembung pitakon sing mathuk yaiku ....ing ngendi
42.     Sing watake kendhel, jujur, temen, ora tau goroh yaiku ....Raden Werkudara
43.     Sing watake kendel, seneng maguru, ora seneng kungkulan wong liya lan welasan  yaiku ....Raden Arjuna
44.     Sedulur tunggal bapa biyung. Biyung tegese ....Ibu
45.     Adhik sampun tilem, Ibu inggih sampun ....sare
46.     Ret, Ibu apa wis rawuh ?   Rawuh tegese ....teka
47.     Tembang pucung rupamu saengga gunung, tan ana kang tresna, saben uwong mesthi sengit,
yen kanggonan den lus-elus tinangisan. Bathangane ....udun/bisul
48.     Bapak pucung cangkemu madhep mandhuwur, ombenmu ing sendhang, pencokanmu lambung kering, prapteng wisma si pucung mutah kuwaya. Bathangane ....klenthing / jun
49.     Kang jumeneng nata jejuluk Prabu Pandhu. Tembung jejuluk tegese  ....asmane/jenenge
50.     Gumebyar yen ditulis Jawa dadi ....
51.     Bocah putri yen ditulis Jawa dadi ....
52.     Dwija karya yen ditulis Jawa dadi ....
53.     Mlayu ngalor yen ditulis Jawa dadi ....
54.     Supriyadi mulih sekolah yen ditulis Jawa dadi ....
55.     Kula badhe mundhut buku. Tembung mundhut benere ....tumbas
56.     Pandhawa cacahe ana lima, yaiku Prabu Puntadewa, Raden Werkudara, Raden Janaka, Raden Nakula, lan Raden Sadewa
57.     Panganan 4 sehat 5 sempurna iku apa bae ?Sega, Lawuh, jangan / sayur, woh-wohan, lan susu
58.     Panjenengan menapa sampun dhahar ? Basa ngokone ...Kowe apa wis mangan ?
59.     Yati lara demam berdarah, ngamar ana Rumah Sakit. Kanca-kancne arep padha nyambangi. Panemuku ...Tindakane kanca-kanca wis becik bisa ditiru.Nyambangi kanca sing lara bisa ndadekake seneng, kanca dadi cepet waras.

60.     Bu Guru ngendika yen ing mangsa rendheng bocah-bocah kudu ngati-ati lan pinter-pinter njaga karesikan. Panemuku ....Ngendikane Bu Guru perlu ditiru, njaga karesikan kuwi tindakan sing apik supaya awake dhewe ora kena penyakit.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Catatan SBdP kelas 3 SD KD 3.4 Mengenal prosedur teknik potong, lipat, dan sam bung

DOA BAPA KAMI, SALAM MARIA, KEMULIAAN, TERPUJILAH BAHASA JAWA

Doa Bapa Kami, Salam Maria, Kemuliaan, dan Terpujilah dlm Bhs. Mandarin