DOA BAPA KAMI, SALAM MARIA, KEMULIAAN, TERPUJILAH BAHASA JAWA



Tandha Pamenthangan
Konjuk ing Asma Dalem Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci. Amin

Rama Kawula
Rama Kawula ing swarga, Asma Dalem kaluhurna
Kraton Dalem mugi rawuha. Karsa Dalem kalampahana
Wonten ing donya kados ing swarga
Kawula nyuwun rejeki kangge sapunika
Sakathahing lepat nyuwun pangapunten dalem
 Kados dene anggen kawula ugi ngapunten dhateng sesami
Kawula nyuwun tinebihna saking panggodha
Saha linuwarna saking piawon. Amin

Sembah Bekti
Sembah bekti kawula Dewi Maria, kekasihing Allah
Pangeran nunggil ing panjenengan dalem
Sami-sami wanita Sang Dewi pinuji piyambak
 Saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yesus
Dewi Maria Ibuning Allah, kawula tiyang dosa sami nyuwun pangestu dalem
Samangke tuwin benjing dumugining pejah. Amin

Mugi linuhurna
Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci
Kados ing mula buka,  sapuniuka, sarta ing salami-laminipun. Amin

Komentar

  1. Keren bnget..
    Aq suka..jadi gak lupa lagi dngan doa-doa dlam bhasa jawa.. yg sdah lupayan lama gak pernah pake...

    BalasHapus

Posting Komentar

boleh memberi masukan

Postingan populer dari blog ini

Catatan SBdP kelas 3 SD KD 3.4 Mengenal prosedur teknik potong, lipat, dan sam bung

Doa Bapa Kami, Salam Maria, Kemuliaan, dan Terpujilah dlm Bhs. Mandarin